Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa Tema Muhasabah Diri: Monggo Nglestantunaken Semangat Ngibadah Soho Ngamal

28 Mei 2021, 10:14 WIB
Ilustrasi khutbah Jumat /Pixabay/Abdullah_Shakoor

Rembang Bicara - Idul Fitri telah terlaksana pada Kamis, 13 Mei 2021, dengan penuh khusyu' dan khidmat.

Terhitung sejak malam hari Rabu, 12 Mei 2021, gema takbir telah membuat hati umat Islam bersuka cita, sekaligus membuka pintu kebahagiaan antar satu dengan lainnya.

Masing-masing individu saling menyapa dan mengucap maaf, mulai dari anak ke orang tua sampai antar saudara.

Dari kebiasaan seperti itu muncul istilah halal bi halal yang populer di tengah masyarakat sejak berdirinya Bangsa Indonesia.

Pada kesempatan kali ini, Rembang Bicara akan menyertakan naskah khutbah Jumat singkat yang cocok disampaikan dalam momen sebelum akhir bulan Syawal.

Baca Juga: 8 Keutamaan Menghafalkan Al-Qur’an Berdasarkan Hadits Nabi

Khutbah I
الْحَمْدُ ِللهِ الْحَمْدُ ِللهِ الَّذِيْ جَعَلَ اْلأَعْيَادَ مُوْسِمَ اْلخَيْرَاتِ * أَشْهَدُ أَنْ لآ إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ رَبُّ الأَرَضِيْنَ وَالسَّمَاوَاتِ * وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى إِلىَ دِيْنِهِ بِأَوْضَحِ اْلبَيِّنَاتِ * اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِ الْكَائِنَاتِ سَيّدِناَ محُمَّدِ النَّبِيِّ اْلأُمِّيَّ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلىَ آخِرِ الدُّهُوْرِ وَالسَّنَوَاتِ * أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا اْلحَاضِرُونَ اْلكِرَامُ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِى بِتَقْوَى اللهُ وَطَاعَتِهِ فَقَدْ فَازَ اْلمُتَّقُوْنَ * قَالَ اللهُ تَعَالىَ: أَعُوْذُبِ اللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ: يَآ أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ

Para sederek jama'ah Jum'ah rahimakumullah,
Mangga kita samiya tansah netepi taqwa dateng Allah, kanti taqwa ingkang sakestu sarana tansah nindakaken sedaya perintah lan dawuh dawuhipun, saha nilar lan nebihi sedaya cegah lan awisanipun , wonten ing swasana kados menapa kemawon, kapan mawon, lan wonten ing pundi kemawon, nuju suka utawi berduka, kawontenan sulit utawi gampil, ing kawontenan sepen utawi rame , tansah netepana taqwa lan thaat dateng Allah supados kita tansah pikantuk rahmat lan kanugerahan, kebahagyaan gesang saking ngarsa Dalem Allah Ta’ala, bade kabika keberkahan saking sedaya arah kalebat saking bumi lan langit, Allah mila sampun njanjekaken kanti dawuhipun :

"Sekirane penduduk negara iku pada kepercayaan lan taqwa, yekti mesti wae tak bukak barakah sangka langit lan bumi. (Q.S. al-A'rof: 96).

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya
Wulan Ramadhan nembe kemawon kepengker, swasana masyarakat kita wekdal semanten ketingal sanget gumbregah lan semanget nindakaken sak warnining pangibadahan, mboten namung ingkang wajib nanging ugi amal amal sunnah.

Pramila kita estunipun kedah saget nglestantunaken semanget menika kangge wekdal wekdal sak lajengipun. Ampun ngantos kita nandang karugen jalaran amal sae ing wekdal Ramadhan kepengker lajeng wusananipun ing wulan syawal lajeng kita lepas nuruti dateng karemenan tanpa kendali.

Menawi nalika kita shiyam nafsu kita sampun takluk lan tunduk, ampun ngantos lajeng kanti alasan mahargya dinten riyadin kita gantos kawon dipun tunggangi dening hawa nafsu kita. Menawi mekaten kedadosanipun nama kita lajeng ngrisak dateng nilai nilai ketaqwaan ingkang sampun kita gayuh kanti ngelak lan luwe nalika shiyam sewulan Ramadhan kepengker. Bab menika Allah sampun paring pepenget dateng kita :

Baca Juga: Sejarah dan Kisah Tentang Perilaku Bani Israil yang Diabadikan Al-Qur'an

"Sira aja padakaya wong wadon sing ngudari benang tenune, sakwise ditenun kanti berpengaruh " ( QS.An Nahl : 92)

Dawuh menika nggambaraken tiyang ingkang sampun kaleksanan nindakaken kesaenan kanti tlaten, sabar mbaka sekedik open tlaten nanging sinareng sampun kaleksanan malah lajeng dipun risak piyambak.

Mekaten ugi kita ingkang wekdal kapengker kanti sabar nindakaken ibadah, sae ingkang fardlu utawi sunnah ing sak lebetipun wulan Ramadhan, lajeng akhiripun sinareng sampun cekap wulan radhan lumebet wulan Syawal lajeng nguja hawa tumindak menapa kemawon ingkang dipun pengini.

Tiyang ingkang mekaten bade sanget kapitunan jalaran kesaenanipun dipun risak piyambak kanti anggenipun tansah nuruti dateng hawa nafsunipun.

Pramila kita kedah tansah waspada dateng godanipun hawa ingkang dumunung ing sak lebetipun awak kita piyambak menika.

Menawi gesang menika namung sekedar nuruti dateng pepinginan lan pikajengan, sahengga reka dayane sedaya usahane namung amrih saget keturutan pepinginanne, ategestiyang menika sampun ngumawula, menghambakan diri dateng hawa nafsune.

Ing mangka tiyang ingkang ngumawula dateng hawa ateges nganggep pangeran dateng hawanipun, tiyang menika badhe mlenceng saking kaleresan, nyebal dateng lampah ingkang sasar, nilar dateng keadilan lan badhe tebih saking pitedah ingkang leres. Kados Allah anggenipun paring dawuh :

“… lan sira aja nuruti hawa alasannya ialah bakal nyasarake sira saking dalane Gusti Allah lan saktemene sapa kang sasar saka dalane Gusti Allah, Tumprap dheweke siksa kang abot alasannya ialah olehe pada lali ing dinoa hisab”
(Q.S.Shad: 26)

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya

Gumebyaring dunya panci sanget nyengsemaken. Katah tiyang ingkang kesengsem lan kepincut, nanging mboten keconggah, ing mangka imanipun sanget ringkih, lajeng dados stress, wonten ugi ingkang lajeng mblubut lan nekat, nempuh dalan pintas, sing penting keturutan kekarepane, mboten merduleni halal haram, wangun lan saru, leres lan lepat, awon lan sae, sing penting kasil sejane.

Inggih tiyang mekaten ingkang sinebat dening Allah kawulane nafsu lan budake hawa, kados wonten ing dawuh :

أَفَرَأَيْتَ مَنِ اتَّخَذَ إِلَٰهَهُ هَوَاهُ وَأَضَلَّهُ اللَّهُ عَلَىٰ عِلْمٍ وَخَتَمَ عَلَىٰ سَمْعِهِ وَقَلْبِهِ وَجَعَلَ عَلَىٰ بَصَرِهِ غِشَاوَةً فَمَنْ يَهْدِيهِ مِنْ بَعْدِ اللَّهِ ۚ أَفَلَا تَذَكَّرُونَ

”Apa sira ora ngerti wong kang ngalap pangeran hawane (howo dadi sesembahan), Gusti Allah nyasarake wong iku ingatase ilmune, pangrungu lan atine wis dipatri, Gusti Allah ndadekake tutup ing mpripate . Mulo sapa kang paring pituduh sak wuse Gusti Allah, apa sira kabeh ora padha eling” (Q.S. Al-Jasyiyah : 23)

Kathah sanget tiyang amargi nuruti kekajengan hawa lajeng tumindak maksiyat, lajeng korupsi, lajeng ngapusi manipulasi, lajeng mboten ngangge hukum agami. Jalaran agami dianggep ngrepoti, Gusti Rasul nate paring pepenget :

Baca Juga: Hadits Nabi Tentang Keutamaan Belajar Al-Qur'an

يَأْتِى عَلَى النَّاسِ زَمَانٌ لاَ يُبَالِى الْمَرْءُ ماَ أَخَذَ مِنْهُ أَمِنَ الْحَلاَلِ أَمِنَ الْحَرَامِ

“Bakal teka marang manungsa sawijining mangsa , wong-wong ora padha merduleake barang kang di alap, apa halal apa haram” (H.R. Bukhari)

Kathah tiyang ingkang nyembah dhateng hawa nefsune lajeng mlenceng saking keleresan amargi piyambakipun dipun damel sasar dining Gusti Allah kanthi ilmunipun, dagang nek ora ngapusi jare dudu pedagang, duwe jabatan nek ora korupsi jarene ora pinter, pinter nek ora ngapusi ora kondang , wong golek rizqi halal jarene ora bakal hasil.

Piyambakipun ugi pun kunci pidanget lan manahipun, paningalanipun pun tutup mila piyambakipun mboten midhanget sambatipun tiyang sanes, manahipun sampun pejah, raos welas asih sampun ical, wontenipun namung mikir bathi lan rugi, mboten ngertos saru lan wangun, milik langsung lan milik tiyang sanes, manfaat menapa mlarati.

Baca Juga: Kumpulan Hadits Tentang Keutamaan Membaca Al-Qur'an

Punika wau sedayanipun inggih jalaran kiyatipun hawa nafsu ingkang ucul sak sampunipun diajar kanti shiyam sak wulan, lajeng dumugining riyaya lajeng ujan ujanan nuruti dateng sedaya pepinginan.

Mugi mugi kita tansah pikantuk petedah lan rahmatipun Allah saget ngendaleni dateng nafsu kagem nglajengaken usaha kita njejekaken pagesangan punika kanti ridlanipun Allah Ta'ala.

جَعَلَنَا اللهُ وَإِيَّاكُمْ مِنَ اْلعَائِدِيْنَ وَاْلفَائِزِيْنَ * وَأَدْخَلَنَا وَإِيَّاكُمْ فِى زُمْرَةِ عِبَادِهِ الصَّالحِيِنْ * وَقُلْ رَبَّ اغِفِرْ وَاْرحَمْ وَأَنْتَ خَيْرٌ الرَّاحِمِيْنَ.

Khutbah II

اَلْحَمْدُ ِللهِ حَمْدًا كَثِيْرًا كَمَا اَمَرَ. اَشْهَدُ اَنْ لَا اِلَهَ اِلَّا الله وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ اِرْغَامًا لِمَنْ جَحَدَ وَ كَفَرَ. وَ اَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسُوْلُهُ وَ حَبِيْبُهُ وَ خَلِيْلُهُ سَيِّدُ الْإِنْسِ وَ الْبَشَرِ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَ سَلِّمْ وَ بَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَ عَلَى اَلِهِ وَ اَصْحَابِهِ وَ سَلَّمَ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا.
اَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ الله اِتَّقُوْا الله وَ اعْلَمُوْا اَنَّ الله يُحِبُّ مَكَارِمَ الْأُمُوْرِ وَ يَكْرَهُ سَفَاسِفَهَا يُحِبُّ مِنْ عِبَادِهِ اَنْ يَّكُوْنُوْا فِى تَكْمِيْلِ اِسْلَامِهِ وَ اِيْمَانِهِ وَ اِنَّهُ لَا يَهْدِى الْقَوْمَ الْفَاسِقِيْنَ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَ سَلِّمْ وَ بَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَ عَلَى اَلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ وَ سَلَّمْتَ وَ بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ وَ عَلَى اَلِ سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ فِى الْعَالَمِيْنَ اِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَ الْمُؤْمِنَاتِ وَ الْمُسْلِمِيْنَ وَ الْمُسْلِمَاتِ اَلْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَ الْأَمْوَاتِ اِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَاتِ وَ قَاضِيَ الْحَاجَاتِ. اَللَّهُمَّ رَبَّنَا لَا تُزِغْ قُلُوْبَنَا بَعْدَ اِذْهَدَيْتَنَا وَ هَبْلَنَا مِنْ لَدُنْكَ رَحْمَةً اِنَّكَ اَنْتَ الْوَهَّابُ. رَبَّنَا لَا تَجْعَلْ فِى قُلُوْبَنَا غِلًّا لِلَّذِيْنَ اَمَنُوْا رَبَّنَا اِنَّكَ رَؤُوْفٌ رَّحِيْمٌ. رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ اَزْوَاجِنَا وَ ذُرِّيّٰتِنَا قُرَّةَ اَعْيُنٍ وَ اجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِيْنَ اِمَامًا. رَبَّنَا اٰتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَ فِى الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَ قِنَا عَذَابَ النَّارِ.
عِبَادَ اللهِ, اِنَّ الله يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَ الْإِحْسَانِ وَ اِيْتَاءِ ذِى الْقُرْبَى وَ يَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَ الْمُنْكَرِ وَ الْبَغْىِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَّكَّرُوْنَ فَاذْكُرُوْا الله الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَ اشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَ لَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرُ وَ اللهُ يَعْلَمُ مَا تَصْنَعُوْنَ .
***

Editor: Ferhadz A. Muhammad

Tags

Terkini

Terpopuler