Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa Tema Muhasabah Diri: Monggo Nglestantunaken Semangat Ngibadah Soho Ngamal

- 28 Mei 2021, 10:14 WIB
Ilustrasi khutbah Jumat
Ilustrasi khutbah Jumat /Pixabay/Abdullah_Shakoor

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya
Wulan Ramadhan nembe kemawon kepengker, swasana masyarakat kita wekdal semanten ketingal sanget gumbregah lan semanget nindakaken sak warnining pangibadahan, mboten namung ingkang wajib nanging ugi amal amal sunnah.

Pramila kita estunipun kedah saget nglestantunaken semanget menika kangge wekdal wekdal sak lajengipun. Ampun ngantos kita nandang karugen jalaran amal sae ing wekdal Ramadhan kepengker lajeng wusananipun ing wulan syawal lajeng kita lepas nuruti dateng karemenan tanpa kendali.

Menawi nalika kita shiyam nafsu kita sampun takluk lan tunduk, ampun ngantos lajeng kanti alasan mahargya dinten riyadin kita gantos kawon dipun tunggangi dening hawa nafsu kita. Menawi mekaten kedadosanipun nama kita lajeng ngrisak dateng nilai nilai ketaqwaan ingkang sampun kita gayuh kanti ngelak lan luwe nalika shiyam sewulan Ramadhan kepengker. Bab menika Allah sampun paring pepenget dateng kita :

Baca Juga: Sejarah dan Kisah Tentang Perilaku Bani Israil yang Diabadikan Al-Qur'an

"Sira aja padakaya wong wadon sing ngudari benang tenune, sakwise ditenun kanti berpengaruh " ( QS.An Nahl : 92)

Dawuh menika nggambaraken tiyang ingkang sampun kaleksanan nindakaken kesaenan kanti tlaten, sabar mbaka sekedik open tlaten nanging sinareng sampun kaleksanan malah lajeng dipun risak piyambak.

Mekaten ugi kita ingkang wekdal kapengker kanti sabar nindakaken ibadah, sae ingkang fardlu utawi sunnah ing sak lebetipun wulan Ramadhan, lajeng akhiripun sinareng sampun cekap wulan radhan lumebet wulan Syawal lajeng nguja hawa tumindak menapa kemawon ingkang dipun pengini.

Tiyang ingkang mekaten bade sanget kapitunan jalaran kesaenanipun dipun risak piyambak kanti anggenipun tansah nuruti dateng hawa nafsunipun.

Pramila kita kedah tansah waspada dateng godanipun hawa ingkang dumunung ing sak lebetipun awak kita piyambak menika.

Menawi gesang menika namung sekedar nuruti dateng pepinginan lan pikajengan, sahengga reka dayane sedaya usahane namung amrih saget keturutan pepinginanne, ategestiyang menika sampun ngumawula, menghambakan diri dateng hawa nafsune.

Halaman:

Editor: Ferhadz A. Muhammad


Tags

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah

x