Teks Khutbah Jumat Bahasa Jawa Singkat, Terbaru 7 Januari 2022, Tema Introspeksi Diri di Awal Tahun

- 6 Januari 2022, 23:24 WIB
Khutbah Jumat Bahasa Jawa
Khutbah Jumat Bahasa Jawa /Pexels.com/@Oziel Gomez

Jamaah sholat Jumat hafidhakumullah,

Monggo sareng-sareng ningkataken taqwalloh, ajrih dumateng ngarsonipun Alloh, kanti nindaaken sedoyo printah-printah-Ipun soho nebihi sedoya awisan-awisan-Ipun. Sepados kita sedoyo manggehaken kawilujengan soho kebahagiaan wonten ing dunyo ngantos akhiratipun.

Sampun dipun shohihaken deneng poro ulomo, bilih Alloh swt puniko menawi ngersaaken sae dateng kawulonipun, kawulo kasebat dipun tedahaken keawonan soho celo-celo engkang wonten awak ipun piyambak. Lajeng Alloh paring gampil ngicali awon utawi celo saking awakipun. Lajeng nyampurnaaken sekedik boko sekedik hinggo dados sempurno miturut bagianipun saking Alloh.

Limrahipun utawi kathah-kathahipun manungso sami mboten nyumerapi celo lan awonipun piyambak. Sami anggadahi anggepan bilih piyambakipun sampun sae, sae menggahipun masyarakat lan sae menggahipun Alloh. Akibat saking anggepan puniko, piyambakipun menawi sumerap awon utawi celo engkang namung sak klilip mawon rame-rame lan kadamel rasan-rasan. Celo utawi awon engkang malang wonten ngajeng mripatipun piyambak mboten ketingal, mboten rumaos awon utawi anggadai celo. Kados pribasan: ojo podho nyacat wong liyo, ngilo getho’e dewe. Kanjeng Nabi dawuh:

يُبْصِرُ أَحَدُكُمُ الْقَذَى فِى عَيْنِ أَخِيْهِ وَيَنْسَى الْجِذْعَ فِى عَيْنِهِ. (رواه أبو هريرة)

Salah siji iro weruh kotoran cilik ono mripate dulure, ananging lali kayu malang ono mripate dewe.”

Ngilo getho’e dewe lan metani awon serto celone dewe, ora niti-niti alane wong liyo, lajeng ambudidodyo ngilangi cacat utawi alane piyambak hinggo dados sae meniko sumber ipun kabekjan. Kanjeng Nabi Muhammad saw dawuh:

طُوْبَى لِمَنْ شَغَلَهُ عَيْبُهُ عَنْ عُيُوْبِ النَّاسِ. (رواه البزار)

Untung gede banget wong kang ketungkul metani celo ne awake lan ora gelem ketungkul metani celo ne liyan.” (HR. Al-Bazzar)

Kagem ngilo getho’ dewe utawi mawas diri monggo kita timbang kalian dawuh pangandikanipun Sayyidina Ali karramallahu wajhah wonten kitab Nashaihul Ibad karyanipun Ibnu Hajar al-Asqalani:

Halaman:

Editor: Ferhadz A. Muhammad


Tags

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah