Teks Khutbah Jumat Bahasa Jawa Singkat, Terbaru 7 Januari 2022, Tema Introspeksi Diri di Awal Tahun

- 6 Januari 2022, 23:24 WIB
Khutbah Jumat Bahasa Jawa
Khutbah Jumat Bahasa Jawa /Pexels.com/@Oziel Gomez

كُنْ عِنْدَ اللَّهِ خَيْرَ النَّاسِ وَكُنْ عِنْدَ النَّفْسِ شَرَّ النَّاسِ وَكُنْ عِنْدَ النَّاسِ رَجُلًا مِنَ النَّاسِ

“Dadio manungso paling sae mungguhe Alloh. Dadio manungso paling awon mungguh pandanganmu, lan dadio manungso lumrah ono ngarepe poro manungso”.

Pitutur meniko mengku pesen engkang sae sanget, kagem ndandosi awak kita supados ngajeni tyang sanes, mboten rumaos langkung sae soho tawadhu’:

  1. Istiqomah ningkataken taqwa, amal sholih soho ninggalaken larangan-laranganipun. Hinggo dados manungso paling sae menggahipun Alloh
  2. Ngrumaosi dados tiyang awon lan kirang amal sholihipun. Mboten ateges rendah diri, namung supados selamet saking ujub (sombong), riya’ (pamer), lan sum’ah (ngarep-ngarep pujiane liyan).
  3. Andap asor (tawadhu’) dateng tyang sanes soho mboten ngrumaosi langkung sae. Kathah tyang engkang ngremehaken tyang sanes, ngrumaosi langkung sae lan mulyo.

Jamaah shalat Jumat hafidhakumullah,

Syaikh Abdu Qadir Al-Jilani kagungan tips sederhana engkang saget kita tindaaken saben dintenipun:

Menawi pepanggihan kalian tyang lintu, kita anggep tyang meniko langkung sae, langkung taqwa, langkung kathah amal sholihipun soho langkung inggil derajat ipun.

Menawi kepanggih lare alit utawi lare anem, dipun nasehati awak kita, “Bocah cilik utawo bocah anem iki dosane luwih sethithik tinimbang dosa ku.” Sebalikipun, menawi kepanggih tiyang sepuh, dipun nasehati awak kita, “Tiyang sepuh iki amal sholihe luwih akeh lan luwih akeh anggone paring manfaat marang wong liyo. Sebab dewekne luwih disik anggone takwa lan taat,”

Menawi kepanggih tiyang ‘alim, kita yakini bilih piyambakipun langkung sae, toto coronipun ibadah ugi langkung afdhol lan langkung leres. Ugi berjuang nyebaraken ilmunipun.

Menawi kepanggih tiyang mendo (bodo), kita bisiki awak kita, “Mungkin wae dewekne salah lan doso mergo ora ngerti (luwih sethithik dosone), sedeng aku salah utowo nglakoni doso kanthi sadar lan ngerti ilmune, sehinggo dosoku luwih abot lan akeh.”

Jamaah shalat Jumat hafidhakumullah,

Halaman:

Editor: Ferhadz A. Muhammad


Tags

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah